Friday, August 13, 2010

Babak belur nyolong sendal jepit

Kiye maning crita si Jabrik karo Si Dasmad...


Critane si Jabrik karo dasmad lagi mlaku laku neng alun-alun Tegal minggu esuk. Tembe separo ubengan Dasmad njaluk mandeg.

"Brik.. uwis brik, aja mlaku maning... enyong sikile wis kesel keh..." Keluhe Dasmad.

"Lha kepriben, durung seubengan wis njaluk mandeg. Payah ente Mad". Jawabe Jabrik.

"Iya kyeh, njagong delat yuh.. sekalian mangan kupat bongkok oh, oke.. tapi kowen sing bayar ya ". Ngomone Dasmad.


"Kuweh.. amak amak enyong sing bayar, mbok ya sekali kali ente sing mbayari enyong, Ya wis dari pada ente rewel bae".

Akhire Jabrik karo Dasmad mangan kupat bongkok neng pinggir alun alun... Lagi asik asik mangan, Si Dasmad mulai crita ngalor ngidul.

"Brik.. enak ya dadi koruptor, bisa mangan enak, duwe mobil trus duwe umah gede". Oceh Dasmad.

"Enak kepriwe Mad, Saiki pan korupsi kiye angel soale ana KPK. Trus kowen pan korupsi apa Mad, pejabat ya dudu.."

"Ora kaya kuwe Brik... Wingi aku ndelengna bocah melasi temen... Sirae babak belur pan is dead.. wis cengap cengap ambekane..."

" Si kenapa Mad ??" Jabrik keheranan.

"Iya wingi ana bocah konangan nyolong sendal jepit Brik. Trus dihajar massa sampe babak belur ra karuan. Melasi ndelengnane... Beda karo koruptor sing nyolong duit rakyat milyaran rupiah. Ora diapak apakna. Dipenjara sih iya tapi ora suwe wis bebas. Duite esih akeh.." Celoteh Dasmad.

"Iya ya brik, nyolong sepira ora, dadi bulan bulanan massa plus dipenjara, nyolong milyaran rupiah mung dipenjara tok malah ana sing bebas.. kepriwe donge..., lah terus sing nyolong sendal ditulungi sapa Mad.. Ente ???"

"Ya, dudu aku lah sing nulung. Bapak polisi keburu teka. Payah Brik padahal aku durung puas njotos sirae malinge ". Celoteh Dasmad

"Lhah, jebule kowen melu melu njotos Mad ?".

"Iya lah, wong sing dicolong sendale enyong...". Jawab Dasmad nyante

"Halah.. ente, mbokan nulungi malah melu melu nggebuki, Dasmad - dasmad...

No comments:

Post a Comment